Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2017

adolf pulsa

"Kowe ki dodolan pulsa po, Dolf?" Lek Paijo takon karo Adolf pas ketemu mbengi-mbengi neng angkringan. "Lho, Lek, malah sampeyan ngerti nek aku dodol pulsa. Lha aku dewe malah rung crito nek dodol pulsa," Adolf mangsuli. "Kuwi, aku moco tulisan neng topimu,  Adolf Pulsa Cuma Mitos , bedekanku, yo, paling kowe ki duwe konter pulsa ngono," Lek Paijo mung mesam-mesam karo macak detektif. "Pancen bener bedekanmu kuwi, Lek. Aku cen dodol pulsa. Tapi nek saiki wis ora koyo mbiyen, Lek, nek mbiyen akeh sing butuh pulsa, lha sing dodol sithik. Saiki wis akeh tenan, persaingane ketat. Mbiyen aku nganti nggawe moto barang, lho, Lek. Ko ngene ki: Adolf Pulsa, Tuku, Mlebu, Mbayare Ora Kesusu ," semangat nerangke karo nyruput kopi. "Iyo, lah, Dolf, saiki konter pulsa teng tlecek. Anakku wae saiki nggo hapene yo iso ngiseke pulsane bapakne. Kae lho, Dolf, nganggo app-app ngono kui lah. Lha, nek saiki piye, Dolf, isih terus dodolan pulsa?...