Langsung ke konten utama

adolf pulsa


"Kowe ki dodolan pulsa po, Dolf?" Lek Paijo takon karo Adolf pas ketemu mbengi-mbengi neng angkringan.
"Lho, Lek, malah sampeyan ngerti nek aku dodol pulsa. Lha aku dewe malah rung crito nek dodol pulsa," Adolf mangsuli.
"Kuwi, aku moco tulisan neng topimu, Adolf Pulsa Cuma Mitos, bedekanku, yo, paling kowe ki duwe konter pulsa ngono," Lek Paijo mung mesam-mesam karo macak detektif.
"Pancen bener bedekanmu kuwi, Lek. Aku cen dodol pulsa. Tapi nek saiki wis ora koyo mbiyen, Lek, nek mbiyen akeh sing butuh pulsa, lha sing dodol sithik. Saiki wis akeh tenan, persaingane ketat. Mbiyen aku nganti nggawe moto barang, lho, Lek. Ko ngene ki: Adolf Pulsa, Tuku, Mlebu, Mbayare Ora Kesusu," semangat nerangke karo nyruput kopi.
"Iyo, lah, Dolf, saiki konter pulsa teng tlecek. Anakku wae saiki nggo hapene yo iso ngiseke pulsane bapakne. Kae lho, Dolf, nganggo app-app ngono kui lah. Lha, nek saiki piye, Dolf, isih terus dodolan pulsa?"
"Isih, Lek, tapi gur karo konco cedhak wae," ngglethake gelas karo nyawang langit.
"Yo kene, aku isekke pulsa, sepuluh ewu wae, Dolf."
"Oke, siap, Lek."









Komentar

Postingan populer dari blog ini

"kene" apa "kono"?

Gek entas wae Kancil mlebu parkiran mol, ana mas-mas takon ko ngene:  "Nang njobo kono udan ora, mas?" Kancil banjur semaur, "Ora mas, ora udan og." Bar kui dee njlantar golek nggon ge parkir motor, ora ruh mase kae ngomong maturnuwun po ora. Kancil mung sibuk karo pikirane goro-goro pitakone mase mau, nek nang njero mol kae wong mungkin ora bakal ngerti jobo udan po ora. Mulo akeh wong seneng sobo kene. Kono njobo udan, kene njero terang. Kono njobo peteng, kene njero padhang jingglang. Yo, ora kaya omahe Kancil sing nang ndeso kae. Ha nek udan yo meng gemrujuk. Konco-koncone Kancil nek dolan nang ngomah nganti ora perlu takon ko ngene: "Cil, nang jobo udan ora yo? Kok, aku wis klebus ki?" Liya dina Kancil ditelepon karo bapakne. Dadi Kancil ki critane ngrantau ngono kui lah, jarene pengen mandiri, urip adoh seko wong tuwo. Nek arep ngomong karo wong tuwane yo isane mung liwat telepon. Karang iki mangsa udan, bapake Kancil khawatir nek Ka...