Gek entas wae Kancil mlebu parkiran mol, ana mas-mas takon ko ngene:
"Nang njobo kono udan ora, mas?"
Kancil banjur semaur, "Ora mas, ora udan og." Bar kui dee njlantar golek
nggon ge parkir motor, ora ruh mase kae ngomong maturnuwun po ora.
Kancil mung sibuk karo pikirane goro-goro pitakone mase mau, nek nang njero mol kae wong mungkin ora bakal ngerti jobo udan po ora. Mulo akeh wong seneng sobo kene. Kono njobo udan, kene njero terang. Kono njobo peteng, kene njero padhang jingglang. Yo, ora kaya omahe Kancil sing nang ndeso kae. Ha nek udan yo meng gemrujuk. Konco-koncone Kancil nek dolan nang ngomah nganti ora perlu takon ko ngene: "Cil, nang jobo udan ora yo? Kok, aku wis klebus ki?"
Liya dina Kancil ditelepon karo bapakne. Dadi Kancil ki critane ngrantau ngono kui lah, jarene pengen mandiri, urip adoh seko wong tuwo. Nek arep ngomong karo wong tuwane yo isane mung liwat telepon. Karang iki mangsa udan, bapake Kancil khawatir nek Kancil udan-udanan. Banjur takon ko ngene, "Kene udan ora, le?"
Ditakoni ngono malah Kancil ora gage semaur. "Kene udan ora, le?" bapakne Kancil takon meneh.
Kancil njuk rodo dong. "Kene ora udan, Pak. Aman," jawabe Kancil.
Kancil kui rodo ngeh nek bapakne ngganggo "kene ora udan" dudu "kono ora udan" padahal kui nang telepon. Awake Kancil karo bapakne kan adoh-adohan, dadi ana jarak. Tapi bapakne kancil nganggo "kene" dadi kaya ora ana jarak antarane dee karo Kancil. Nek dibayangke yo dadi koyo Kancil karo bapakne ngobrol adep-adepan neng jero mol. Nek mase mau mbedake jerone mol karo jobone mol, trus nganggo "kono", bapakne Kancil ora mbedake jero mol karo jobo mol, kabeh kui "kene".
"Kene ngomah yo ra udan, le. Yowes, sesuk nek selo, yo muliho," akon bapakne Kancil.
"Nggih, Pak. Kulo tak wangsul."
Komentar
Posting Komentar